1. Nalika Sang Prabu Yerobeam lagi jumeneng ana ing misbyah kambi mbesmi kurban, banjur ana sawijining abdine Pangeran Yehuwah kang teka ing Betel saka ing Yehuda.
2. Marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah wong mau nuli nguwuh-uwuh marang misbyah iku, tembunge: “Heh misbyah, heh misbyah! Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal ana turune Dawud kang lair, jenenge Yosia. Iku bakal nyembeleh ana ing dhuwurira imam-imam tengger pangurbanan kang ngobong kurban ana ing dhuwurira, uga balung-balung manungsa bakal diobong ana ing dhuwurira.”
3. Ing nalika iku uga wong mau aweh sumurup bab sawijining pratandha kaelokan, tembunge: “Iki pratandha kaelokan, yaiku manawa Pangeran Yehuwah wus ngandika: Lah misbyah iki bakal bengkah, satemah awu kang ana ing dhuwure banjur wutah.”
4. Bareng Sang Prabu Yerobeam midhanget tembunge abdining Allah kang katujokake marang misbyah ing Betel iku, nuli ngathungake astane saka ing sadhuwure misbyah lan dhawuh: “Cekelen wong iku!” Nanging astane kang diathungake marang wong mau banjur dadi kejeng, satemah ora kena dibengkelukake maneh.
5. Misbyahe uga tumuli bengkah, awu kang ana ing dhuwure wutah, cocog karo pratandha kaelokan kang dikandhakake dening abdining Allah marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.
6. Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.
7. Sawuse mangkono Sang Prabu tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing kraton, kula aturi nungtumaken sarira panjenengan, sasampunipun punika panjenengan badhe kula caosi atur-atur.”
8. Nanging abdining Allah munjuk marang Sang Prabu: “Sanadyan sapalihing kadhaton dalem panjenengan dalem paringaken dhumateng kawula, kawula boten badhe mampir dhateng ing kadhaton dalem; kawula ugi boten badhe nedha roti utawi ngombe toya wonten ing panggenan punika.
9. Amargi makaten dhawuh pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhumateng kawula: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu sarta aja bali metu ing dalan kang wus sira liwati mau.”
10. Wong mau banjur lunga metu ing dalan liyane lan ora bali metu ing dalan kang wus diliwati, anggone menyang ing Betel.
11. Ing Betel ana sawijining nabi tuwa. Anak-anake padha teka lan nyeritakake sakehing panggawene abdining Allah ing dina iku ana ing Betel. Uga padha nyeritakake marang bapakne tetembungane kang diaturake marang Sang Prabu.
12. Bapakne nuli takon: “Lungane metu ing dalan ngendi?” Anak-anake nuli padha nuduhake dalan kang diliwati dening abdining Allah kang teka saka ing Yehuda iku.
13. Bapakne banjur kandha marang anak-anake: “Kuldiku abah-abahana!” Kuldine tumuli diabah-abahi;
14. bapakne nuli nunggang lan mangkat nututi abdining Allah mau sarta kepranggul lagi lungguh ana ing sangisoring wit gedhe. Banjur ditakoni: “Punapa panjenengan abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda?” Wangsulane: “Inggih kula punika.”
15. Celathune maneh: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing griya dhahar roti.”
16. Nanging wangsulane: “Kula boten saged wangsul sesarengan kaliyan panjenengan lan mampir ing dalemipun; kula boten badhe nedha roti utawi ngombe toya sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing panggenan ngriki,