1 Para Raja 11:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Sang Prabu Suleman iku remen mundhut garwa putri ngamanca akeh. Kajaba putri putrane Sang Prabu Pringon, uga putri Moab, Amon, Edom, Sidon lah Het,

2. mangka ing bab bangsa-bangsa iku Pangeran Yehuwah wus ngandika marang wong Israel mangkene: “Sira aja padha srawungan kalawan bangsa-bangsa iku, lan bangsa-bangsa iku aja nganti srawungan kalawan sira kabeh, amarga wong-wong iku mesthi bakal nggendeng atinira marang allah-allahe.” Panggalihe Sang Prabu Suleman wus tresna banget marang putri-putri mau.

3. Garwane kang trahe wong luhur kehe pitung atus, dene garwane selir telung atus; para garwane iku padha nggendeng panggalihe saka ing pangayunaning Pangeran Yehuwah.

4. Awit nalika Sang Prabu Suleman wus sepuh, para garwane padha ngengokake panggalihe supaya ngabekti marang allah-allah liyane, satemah banjur wus ora meleng anggone rumaket marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kaya Sang Prabu Dawud, kang rama.

5. Kaya ta Sang Prabu Suleman tumuli ngabekti marang Asytoret, dewa-dewaning wong Sidon, lan marang Milkom, dewaning kanisthan sesembahane wong Amon,

6. sarta Sang Prabu Suleman banjur nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, sarta angone ngabekti marang Pangeran Yehuwah ora kanthi gumolonging panggalih kayadene Sang Prabu Dawud, kang rama.

7. Ing nalika iku Sang Prabu Suleman ngedegake tengger pangurbanan kanggo Kamos, dewaning kanisthan sesembahaning wong Moab, ana ing gunung ing sawetane Yerusalem, lan kanggo Molokh, dewaning kanisthan sesembahane wong bani Amon.

8. Mangkono uga panjenengane iya nindakake iku kanggo para garwane kabeh, putri-putri ngamanca, kang padha caos kurban arum-arum lan kurban sembelehan marang para allahe.

9. Marga saka iku Sang Yehuwah banjur duka marang Sang Prabu Suleman, awit panggalihe wus nyimpang saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaping pindho ngatingal marang panjenengane,

10. sarta kang wus paring dhawuh ing bab iki marang panjenengane, supaya aja nganti manut marang allah-allah liyane, nanging panjenengane ora nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah.

11. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Prabu Suleman: “Sarehne sira nglakoni mangkono, yaiku sira ora nggondheli marang prajanjian lan sakehing katetepaningSun kang wus Sundhawuhake marang sira, mulane lah Ingsun bakal nyuwek karajan iku saka ing sira lan bakal Sunparingake marang abdinira.

12. Mung bae, ing sajrone sira isih urip, bab iku durung Suntindakake marga saka Dawud, bapakira; anggoningSun bakal nyuwek besuk saka ing tangane anakira.

13. Sanadyan mangkono karajan iku ora bakal Sunsuwek babar pisan, ana taler siji kang bakal Sunparingake marang anakira marga saka abdiningSun Dawud lan marga saka Yerusalem kang wus Sunpilih.”

14. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah banjur nganakake mungsuh kang nglawan Sang Prabu Suleman, yaiku Sang Hadad, priyagung Edom, tedhake ratu Edom.

15. Bareng Sang Prabu Dawud wus ngawonake wong Edom, Senapati Yoab nuli tindak, ngubur para wong kang padha mati sarta sawuse mangkono banjur nyirnakake sakehing wong lanang ing Edom,

16. nganti nem sasi lawase anggone Sang Yoab lereb ana ing kono kalawan Israel kabeh, nganti sakehing wong lanang ing Edom wus padha sirna kabeh.

1 Para Raja 11