28. Jaran kagem Sang Prabu Suleman ditekakake saka ing Misraim lan ing Kewe; para sudagare Sang Prabu anggone kulak saka Kewe kalawan rega pasar.
29. Kreta kang saka ing Misraim iki siji nganti rega nem atus sekel salaka, dene jaran nganti rega satus seket sekel; iku mau kabeh uga dikirimake marang sakehe para ratune bangsa Het lan para ratu ing tanah Aram lan iya lumantar para sudagar iku.