1 Para Raja 10:10-26 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Prabu Suleman banjur kacaosan emas satus rong puluh talenta, anggi-anggi akeh banget lan sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi maneh kang teka kang samono akehe, kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.

11. Sarta maneh kapal-kapale Sang Prabu Hiram, kang padha ngangkati emas saka ing Ofir, uga momot kayu cendhana lan sesotya kang larang-larang saka ing Ofir akeh banget.

12. Kayu cendhana iku kaagem dening Sang Prabu damel barang dandanan kanggo padalemaning Pangeran Yehuwah tuwin kadhatoning Sang Prabu lan uga didadekake clempung lan slukat kanggo para penyanyi; kayu cendhana kang kaya mangkono iku saprene ora ana kang teka lan ora ana kang katon maneh.

13. Sang Prabu Suleman nyaosi marang ratu ing nagara Syeba apa bae kang dikarsakake lan kang dipundhut, iku kajabane apa kang wus dicaosake marang panjenengane kang kagalih wus pantes dening Sang Prabu Suleman. Sang Raja Putri nuli kondur menyang ing nagarane kadherekake dening para abdine.

14. Anadene emas kang diladekake marang Sang Prabu Suleman iku ing sajroning sataun bobote ana nem atus sawidak nem talenta,

15. iku durung kapetung kang diunjukake dening para sudagar lan para pedagang sarta dening para ratu ing tanah Arab tuwin para bupati ing nagara kono.

16. Sang Prabu Suleman yasa tameng gedhe rong atus, kang digawe emas gemblengan, saben tameng gedhe siji emase nem atus sekel;

17. panjenengane uga yasa tameng cilik telung atus, kang digawe uga emas gemblengan, siji-sijine emase telung mena; Sang Prabu banjur dhawuh nyimpen iku mau kabeh ana ing gedhong “Alas Libanon”.

18. Sang Prabu uga yasa dhampar gadhing gedhe, kang sinelut ing emas murni.

19. Dhampar iku sungsun enem; sing sisih mburi ana endhas-endhasane bunder, lan ing sisih kiwa-tengene palenggahan ana lengenane. Ing sandhinging lengenan mau ana pepethaning singa loro,

20. dene ing sandhuwure undhak-undhakan ing kiwa-tengene ana singane rolas kang padha ngadeg; durung tau ana karajan kang yasa barang gegawean kang kaya mangkono iku.

21. Sakehing piranti kang kagem ngunjuk Sang Prabu Suleman kang digawe emas lan sakehe barang kang ana ing gedhong “Alas Libanon” iku kang digawe emas murni; ora ana barang salaka, awit nalika jamane Sang Prabu Suleman panganggepe wong salaka iku tanpa aji.

22. Sabab Sang Prabu kagungan kapal-kapal Tarsis ana ing sagara kang manunggal karo kapal-kapale Sang Prabu Hiram, lan saben telung taun sepisan kapal-kapal Tarsis mau teka nggawa emas, salaka lan gadhing, uga kethek lan manuk merak.

23. Kasugihan lan kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngluwihi sakehing ratu ing bumi.

24. Wong saindenging jagad padha ngupaya pangayunane Sang Prabu Suleman prelu nyumurupi kawicaksanan kang wus kaparingake dening Gusti Allah ana ing sajroning panggalihe.

25. Saben wong kang sowan nggawa pisungsung arupa barang-barang salaka lan barang-barang emas, pangageman, gegaman, anggi-anggi, jaran lan bihal, lumintu ing saben taun.

26. Sang Prabu Suleman uga nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti banjur kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh iku kapapanake ana ing kutha-kutha kang mligi kanggo ngandhangake kreta, cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.

1 Para Raja 10