1 Para Raja 1:4-23 Kitab Sutji (JAV)

4. Prawan iku luwih dening ayu sarta banjur rumeksa lan ngaladosi Sang Prabu, nanging ora disareni dening panjenengane.

5. Kacarita Sang Pangeran Adhonia, putrane Sang Putri Hagit, marga saka kaduk-wanine banjur ngandika: “Aku arep jumeneng ratu.” Nuli nganakake titihan kreta lan bala jaranan apadene wong seket kang padha lumayu njajari ana ing ngarsane.

6. Ing sajege sugenge Sang Adhonia iku durung tau didukani dening kang rama, kalawan dipangandikani: “Yagene kowe kok tumindak mangkono?” Sang Pangeran iku bagus warnane tur putra panenggak, yaiku sawuse Sang Pangeran Absalom.

7. Panjenengane nuli pirembagan karo Sang Yoab bin Zeruya lan karo Imam Abyatar, iku banjur padha ngeloni lan mbiyantu Pangeran Adhonia.

8. Nanging imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha sarta Nabi Natan lan Simei tuwin Rei apadene para prawira abdine Sang Prabu Dawud ora padha ngguyubi Pangeran Adhonia.

9. Sawuse mangkono Pangeran Adhonia banjur ngunjukake wedhus gembel, sapi lan kewan lemon minangka kurban ana ing sacedhake watu Zohelet kang kaprenah ing sandhinge En-Rogel, nuli ngulemi sakehing sadhereke, para putrane Sang Prabu lan sakehing wong Yehuda, punggawane Sang Prabu,

10. nanging nabi Natan lan Benaya sarta para prawira lan Pangeran Suleman, rayine ora diulemi.

11. Nabi Natan tumuli munjuk marang Sang Putri Batsyeba, ibune Pangeran Suleman: “Punapa panjenengan dalem boten midhanget, bilih Pangeran Adhonia, putranipun Sang Putri Hagit sampun jumeneng ratu, mangka gusti kula Sang Prabu Dawud boten mirsa?

12. Awit saking punika keparenga kawula ngaturi pamrayogi, supados panjenengan dalem saged milujengaken nyawa panjenengan dalem saha nyawanipun putra dalem Sang Pangeran Suleman.

13. Panjenengan dalem kawula aturi marek ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud saha kawula aturi munjuk dhateng panjenenganipun makaten: Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, panjenengan dalem rak sampun ngandika dhateng adalem kalayan supaos: Putramu Suleman kang bakal jumeneng dadi ratu ing sapungkurku lan dheweke kang bakal nglinggihi dhamparku? Kadospundi dene sapunika Adhonia kok dados ratu?

14. Salajengipun salebetipun panjenengan dalem munjuk wonten ing ngarsanipun Sang Prabu, kawula ugi lajeng badhe sowan mlebet saha mbiyantu anggen panjenengan dalem munjuk punika.”

15. Mulane Sang Putri Batsyeba nuli lumebet marak marang ing ngarsane Sang Prabu ana ing jero kamar. Nalika iku Sang Prabu wus sepuh banget lan Abisag, prawan saka ing Sunem, kang ngladosi panjenengane.

16. Sang Putri Batsyeba tumuli sumungkem sujud lan nyembah ana ing ngarsane Sang Prabu. Sang Prabu ndangu: “Apa kang kokkarepake?”

17. Sang Putri banjur munjuk marang Sang Prabu: “Gusti kawula sampun supaos piyambak demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, dhumateng kawula: Putramu Suleman bakal jumeneng ratu ing sapungkurku lan dheweke bakal lungguh ing dhamparku.

18. Nanging sapunika, lah Adhonia sampun dados ratu, mangka gusti kawula Sang Prabu piyambak boten nguningani.

19. Adhonia sampun mragat lembu kathah, kewan leman saha menda gembel, sarta sampun ngulemi sadaya putra dalem tuwin Imam Abyatar saha Senapati Yoab, nanging abdi dalem Suleman boten dipun ulemi.

20. Nanging sadaya tiyang Israel, dhuh gusti kawula Sang Prabu, sami mandeng dhateng paduka, supados panjenengan dalem paring sumerep, sinten ingkang badhe nglenggahi dhampar paduka, sapengker paduka.

21. Manawi boten makaten, benjing manawi gusti kawula Sang Prabu sampun kaparengaken ngaso sesarengan kaliyan leluhur dalem, adalem tuwin anakipun dalem Suleman tamtu lajeng badhe kadakwa lepat.”

22. Ing sajrone Sang Putri Batsyeba munjuk ana ing ngarsane Sang Prabu iku, Nabi Natan lumebet sowan.

23. Sang Prabu diunjuki uninga: “Punika Nabi Natan sowan.” Bareng wus lumebet lan ana ing ngarsane Sang Prabu, Nabi Natan nyembah sarta sumungkem, wedanane nganti konjem ing bumi,

1 Para Raja 1