1 Para Raja 1:30-41 Kitab Sutji (JAV)

30. ing dina iki aku bakal nindakake apa kang wus dakjanjekake marang kowe demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan sumpah mangkene: Putramu Suleman bakal dadi ratu sawuse aku, sarta iya dheweke kang bakal nglungguhi dhamparku, nggenteni aku.”

31. Sang Putri Batsyeba banjur jengkeng kalawan sumungkem wedanane nganti konjem ing bumi, tuwin sujud nyembah marang Sang Prabu sarta munjuk: “Gusti kawula Sang Prabu Dawud mugi sugenga ing salaminipun!”

32. Sang Prabu Dawud ngandika maneh: “Timbalana Imam Zadhok, Nabi Natan tuwin Benaya bin Yoyadha.” Iku padha lumebu sowan ing ngarsane Sang Prabu,

33. nuli padha dipangandikani mangkene: “Para abdine gustimu padha gawanen, putraku Suleman tunggangna ing bihal titihanku dhewe, banjur gawanen menyang ing Gihon.

34. Imam Zadhok lan Nabi Natan nuli njebadana dheweke ana ing kana, kadadekna ratu ing Israel; sawuse mangkono, kowe padha ngunekna kalasangka kalawan padha alok-aloka: Sugenga Sang Prabu Suleman!

35. Yen wus mangkono, nuli padha balia kalawan ngiringake dheweke; dheweke banjur lumebua sarta lungguha ing dhamparku, amarga dheweke iku kang kudu lungguh ing dhampar nggenteni aku sarta iya dheweke kang daktuding supaya dadi ratu ing Israel lan Yehuda.”

36. Senapati Benaya bin Yoyadha tumuli munjuk marang Sang Prabu: “Amin! Inggih makatena dhawuhipun Sang Yehuwah Allahipun gusti kawula Sang Prabu.

37. Kadosdene anggenipun Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan gusti kawula Sang Prabu, makaten ugi Panjenenganipun inggih nunggila kaliyan Sang Prabu Suleman; mugi Panjenenganipun karsaa damel dhamparipun Sang Prabu Suleman langkung ageng tinimbang dhamparipun Sang Prabu Dawud.”

38. Nuli padha budhalan, yaiku Imam Zadhok, Nabi Natan lan Senapati Benaya bin Yoyadha, kalawan kadherekake dening bala Kreti lan Pleti. Sang Pangeran katitihake ing bihal titihane Sang Prabu Dawud lan kairingake menyang ing Gihon.

39. Imam Zadhok wus ngasta sungu isi lenga saka ing tarub, Sang Pangeran Suleman banjur jinebadan. Sawuse mangkono kalasangka nuli kaunekake sarta rakyat padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu Suleman!”

40. Sang Prabu Suleman tumuli kairingake dening rakyat kabeh, kambi padha ngunekake suling kalawan padha suka pari suka rame, swarane nganti kaya mbelah-mbelahna bumi.

41. Anadene bab iku keprungu dening Sang Pangeran Adhonia lan sakehe para uleman kang padha ndherek, nalika lagi bae rampung anggone padha dhaharan. Bareng Senapati Yoab mireng unining kalasangka, banjur ngunandika: “Ana apa ta dene kutha kok rame temen?”

1 Para Raja 1