3. Mulane banjur padha ngupaya bocah wadon kang ayu ana ing satlatahe Israel kabeh, wasana kang katemu Abisag, prawan ing Sunem; iku nuli disowanake ing ngarsane Sang Prabu.
4. Prawan iku luwih dening ayu sarta banjur rumeksa lan ngaladosi Sang Prabu, nanging ora disareni dening panjenengane.
5. Kacarita Sang Pangeran Adhonia, putrane Sang Putri Hagit, marga saka kaduk-wanine banjur ngandika: “Aku arep jumeneng ratu.” Nuli nganakake titihan kreta lan bala jaranan apadene wong seket kang padha lumayu njajari ana ing ngarsane.
6. Ing sajege sugenge Sang Adhonia iku durung tau didukani dening kang rama, kalawan dipangandikani: “Yagene kowe kok tumindak mangkono?” Sang Pangeran iku bagus warnane tur putra panenggak, yaiku sawuse Sang Pangeran Absalom.