1 Para Raja 1:23-38 Kitab Sutji (JAV)

23. Sang Prabu diunjuki uninga: “Punika Nabi Natan sowan.” Bareng wus lumebet lan ana ing ngarsane Sang Prabu, Nabi Natan nyembah sarta sumungkem, wedanane nganti konjem ing bumi,

24. nuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu kados-kados Sang Prabu piyambak ingkang sampun ngandika: Sapungkurku Adhonia bakal dadi ratu lan nglungguhi dhamparku!

25. Amargi ing dinten punika sampun mragat lembu kathah, kewan leman saha menda gembel, para putra dalem sadaya, para senapati saha Imam Abyatar sami kauleman, lah sapunika saweg sami nedha lan ngombe wonten ing ngarsanipun kalayan alok-alok: Sugenga Sang Prabu Adhonia!

26. Nanging abdi dalem kawula, Imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha saha abdi dalem Pangeran Suleman boten sami kauleman.

27. Manawi bab punika kalampahanipun margi sampun kakersakaken dening Sang Prabu, panjenengan dalem kok boten paring sumerep dhateng para abdi dalem punika, sinten ingkang badhe nglenggahi dhamparipun gusti kawula Sang Prabu, sapengkeripun gusti kawula.”

28. Sang Prabu Dawud banjur paring wangsulan, pangandikane: “Batsyeba timbalana.” Sang Putri tumuli lumebet marak lan jumeneng ana ing ngarsaning Sang Prabu.

29. Sang Nata nuli supaos pangandikane: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang, kang wus ngluwari nyawaku saka ing sakehing karubedan,

30. ing dina iki aku bakal nindakake apa kang wus dakjanjekake marang kowe demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan sumpah mangkene: Putramu Suleman bakal dadi ratu sawuse aku, sarta iya dheweke kang bakal nglungguhi dhamparku, nggenteni aku.”

31. Sang Putri Batsyeba banjur jengkeng kalawan sumungkem wedanane nganti konjem ing bumi, tuwin sujud nyembah marang Sang Prabu sarta munjuk: “Gusti kawula Sang Prabu Dawud mugi sugenga ing salaminipun!”

32. Sang Prabu Dawud ngandika maneh: “Timbalana Imam Zadhok, Nabi Natan tuwin Benaya bin Yoyadha.” Iku padha lumebu sowan ing ngarsane Sang Prabu,

33. nuli padha dipangandikani mangkene: “Para abdine gustimu padha gawanen, putraku Suleman tunggangna ing bihal titihanku dhewe, banjur gawanen menyang ing Gihon.

34. Imam Zadhok lan Nabi Natan nuli njebadana dheweke ana ing kana, kadadekna ratu ing Israel; sawuse mangkono, kowe padha ngunekna kalasangka kalawan padha alok-aloka: Sugenga Sang Prabu Suleman!

35. Yen wus mangkono, nuli padha balia kalawan ngiringake dheweke; dheweke banjur lumebua sarta lungguha ing dhamparku, amarga dheweke iku kang kudu lungguh ing dhampar nggenteni aku sarta iya dheweke kang daktuding supaya dadi ratu ing Israel lan Yehuda.”

36. Senapati Benaya bin Yoyadha tumuli munjuk marang Sang Prabu: “Amin! Inggih makatena dhawuhipun Sang Yehuwah Allahipun gusti kawula Sang Prabu.

37. Kadosdene anggenipun Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan gusti kawula Sang Prabu, makaten ugi Panjenenganipun inggih nunggila kaliyan Sang Prabu Suleman; mugi Panjenenganipun karsaa damel dhamparipun Sang Prabu Suleman langkung ageng tinimbang dhamparipun Sang Prabu Dawud.”

38. Nuli padha budhalan, yaiku Imam Zadhok, Nabi Natan lan Senapati Benaya bin Yoyadha, kalawan kadherekake dening bala Kreti lan Pleti. Sang Pangeran katitihake ing bihal titihane Sang Prabu Dawud lan kairingake menyang ing Gihon.

1 Para Raja 1