1 Para Raja 1:13-28 Kitab Sutji (JAV)

13. Panjenengan dalem kawula aturi marek ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud saha kawula aturi munjuk dhateng panjenenganipun makaten: Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, panjenengan dalem rak sampun ngandika dhateng adalem kalayan supaos: Putramu Suleman kang bakal jumeneng dadi ratu ing sapungkurku lan dheweke kang bakal nglinggihi dhamparku? Kadospundi dene sapunika Adhonia kok dados ratu?

14. Salajengipun salebetipun panjenengan dalem munjuk wonten ing ngarsanipun Sang Prabu, kawula ugi lajeng badhe sowan mlebet saha mbiyantu anggen panjenengan dalem munjuk punika.”

15. Mulane Sang Putri Batsyeba nuli lumebet marak marang ing ngarsane Sang Prabu ana ing jero kamar. Nalika iku Sang Prabu wus sepuh banget lan Abisag, prawan saka ing Sunem, kang ngladosi panjenengane.

16. Sang Putri Batsyeba tumuli sumungkem sujud lan nyembah ana ing ngarsane Sang Prabu. Sang Prabu ndangu: “Apa kang kokkarepake?”

17. Sang Putri banjur munjuk marang Sang Prabu: “Gusti kawula sampun supaos piyambak demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, dhumateng kawula: Putramu Suleman bakal jumeneng ratu ing sapungkurku lan dheweke bakal lungguh ing dhamparku.

18. Nanging sapunika, lah Adhonia sampun dados ratu, mangka gusti kawula Sang Prabu piyambak boten nguningani.

19. Adhonia sampun mragat lembu kathah, kewan leman saha menda gembel, sarta sampun ngulemi sadaya putra dalem tuwin Imam Abyatar saha Senapati Yoab, nanging abdi dalem Suleman boten dipun ulemi.

20. Nanging sadaya tiyang Israel, dhuh gusti kawula Sang Prabu, sami mandeng dhateng paduka, supados panjenengan dalem paring sumerep, sinten ingkang badhe nglenggahi dhampar paduka, sapengker paduka.

21. Manawi boten makaten, benjing manawi gusti kawula Sang Prabu sampun kaparengaken ngaso sesarengan kaliyan leluhur dalem, adalem tuwin anakipun dalem Suleman tamtu lajeng badhe kadakwa lepat.”

22. Ing sajrone Sang Putri Batsyeba munjuk ana ing ngarsane Sang Prabu iku, Nabi Natan lumebet sowan.

23. Sang Prabu diunjuki uninga: “Punika Nabi Natan sowan.” Bareng wus lumebet lan ana ing ngarsane Sang Prabu, Nabi Natan nyembah sarta sumungkem, wedanane nganti konjem ing bumi,

24. nuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu kados-kados Sang Prabu piyambak ingkang sampun ngandika: Sapungkurku Adhonia bakal dadi ratu lan nglungguhi dhamparku!

25. Amargi ing dinten punika sampun mragat lembu kathah, kewan leman saha menda gembel, para putra dalem sadaya, para senapati saha Imam Abyatar sami kauleman, lah sapunika saweg sami nedha lan ngombe wonten ing ngarsanipun kalayan alok-alok: Sugenga Sang Prabu Adhonia!

26. Nanging abdi dalem kawula, Imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha saha abdi dalem Pangeran Suleman boten sami kauleman.

27. Manawi bab punika kalampahanipun margi sampun kakersakaken dening Sang Prabu, panjenengan dalem kok boten paring sumerep dhateng para abdi dalem punika, sinten ingkang badhe nglenggahi dhamparipun gusti kawula Sang Prabu, sapengkeripun gusti kawula.”

28. Sang Prabu Dawud banjur paring wangsulan, pangandikane: “Batsyeba timbalana.” Sang Putri tumuli lumebet marak lan jumeneng ana ing ngarsaning Sang Prabu.

1 Para Raja 1