2. Ewadene kowe kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowe padha prihatin, sarta nyingkirake wong kang duwe pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu.
3. Sabab aku, sanadyan ing tata lair adoh, nanging sacara rohani adu arep, aku kaya wis matrapi paukuman marang wong kang nglakoni mangkono iku.
4. Yen kita padha kumpul sajroning roh, kowe padha tetunggalan karo aku, kanthi daya kakwuatane Gusti Yesus, Gusti kita,
5. wong iku kudu kita pasrahake marang Iblis atas Asmane Gusti Yesus, satemah daginge rusak, supaya sukmane kapitulungana rahayu besuk ing dinane Gusti.
6. Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?