11. Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.
12. Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?
13. Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.