2. Sabab aku ora duwe sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Gusti Yesus Kristus, yaiku Panjenengane kang sinalib.
3. Lan maneh tekaku nemoni kowe iku kalawan apes lan wedi banget sarta gumeter.
4. Anggonku caturan utawa anggonku martakake ora nganggo tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh,
5. supaya pracayamu aja nganggo landhesan kawasisaning manungsa, nanging kakiyataning Allah.
6. Sanadyan mangkono aku padha nglairake kawasisan ana ing kalangane wong kang wus padha cakep, nanging dudu kawasisane jagad iki, lan dudu kawasisane para panguwasa ing jagad iki, yaiku panguwasa kang bakal sirna.
7. Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.
8. Lan panguwasaning jagad iki ora ana kang nyumurupi bab iki, awit manawa padha nyumurupi mesthi ora nganti padha nyalib Gustining kamulyan.
9. Nanging kaya kang katulisan, wiraose:“Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”