9. Sabab aku iki kang asor dhewe ing antarane para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wus tau nguya-uya Pasamuwane Gusti Allah.
10. Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.
11. Kang iku, dadia aku, dadia para kancaku, kaya mangkono anggonku martakake, lan kaya mangkono anggonmu padha pracaya.
12. Anadene yen dakwartakake, manawa Sang Kristus kawungokake saka ing antarane wong mati, yagene ing antaramu kok ana kang ngarani manawa ora ana tangine wong mati?
13. Yen ta ora ana tangine wong mati, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.
14. Mangka manawa Sang Kristus ora kawungokake, dadi pawartaku iku kothong lan pracayamu iya kothong.
15. Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah, awit aku padha martakake, yen Panjenengane wus mungokake Sang Kristus, mangka ora mungokake, iku mau saupama bener yen ora ana wong mati katangekake.
16. Sabab manawa nyata wong mati ora katangekake, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.
17. Lan manawa Sang Kristus ora kawungokake, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowe isih padha kawengku ing dosamu.
18. Apadene mungguh para wong kang wus padha mati ana ing Sang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.
19. Manawa anggon kita ngarep-arep marang Sang Kristus iku mung ing sajrone urip iki bae, dadi kita kalebu wong kang cilaka dhewe ing antarane manungsa kabeh.
20. Nanging kang bener iku yaiku manawa Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalane kang wus padha mati.
21. Sabab, sarehne tekane pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tangine wong mati iya marga saka wong siji.
22. Awit padha kaya ana ing Rama Adam wong kabeh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabeh iya bakal padha kauripake maneh.
23. Nanging saben wong manut urut-urutane: Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawise iku kang padha dadi kagungane, besuk ing sarawuhe.
24. Sawuse mangkono banjur kang wekasan, yaiku samangsa Panjenengane masrahake Kraton marang Gusti Allah Sang Rama, sawise Panjenengane nyirnakake sakehe paprentahan, panguwasa sarta kakuwatan.
25. Sabab Panjenengane mesthi ngratoni nganti tumeka sakehe mungsuhe padha dikurebake ana ing sangisoring sampeyane.
26. Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakake iku pati.