1 Korinta 15:23-38 Kitab Sutji (JAV)

23. Nanging saben wong manut urut-urutane: Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawise iku kang padha dadi kagungane, besuk ing sarawuhe.

24. Sawuse mangkono banjur kang wekasan, yaiku samangsa Panjenengane masrahake Kraton marang Gusti Allah Sang Rama, sawise Panjenengane nyirnakake sakehe paprentahan, panguwasa sarta kakuwatan.

25. Sabab Panjenengane mesthi ngratoni nganti tumeka sakehe mungsuhe padha dikurebake ana ing sangisoring sampeyane.

26. Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakake iku pati.

27. Ujer samubarang kabeh wus ditelukake ing sangisoring sampeyane. Nanging yen ana pangandika: “Samubarang katelukake, dadi wus tetela yen kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane iku mau mesthi ora kalebu.

28. Dene besuk samangsa samubarang kabeh wus kalakon katelukake marang Sang Kristus, nuli Panjenengane piyambak kang jumeneng Putra iku bakal nelukake sarirane marang kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane mau, supaya Gusti Allah jumenenga ngabehi ing sakabehe.

29. Yen ora mangkono, apa paedahe nglakoni kabaptis marga saka wong mati? Manawa babar pisan ora ana wong mati katangekake, sabab apa dene padha gelem kabaptis marga saka wong mati iku?

30. Lan uga aku kabeh -- yagene aku sawayah-wayah padha gelem nemahi bebaya?

31. Para sadulur, sadina-dina aku mati. Demi panggunggungku ing ngatase kowe ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita, kandhaku iki bener.

32. Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”

33. Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.

34. Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.

35. Nanging bokmanawa ana wong kang takon: “Wong mati iku kapriye anggone katangekake? Lan tekane maneh nganggo badan kang kaya apa?”

36. Heh wong bodho! Apa kang koksebar dhewe iku ora bakal thukul sarta urip, manawa ora mati dhisik.

37. Lan apa kang koksebar iku dudu wujuding tanduran kang bakal thukul, nanging wiji las-lasan, upamane wiji gandum utawa wiji liyane.

38. Nanging Gusti Allah maringi wujud, kaya kang kinarsakake, saben wiji, kaparingan wujud dhewe.

1 Korinta 15