1 Korinta 15:15-29 Kitab Sutji (JAV)

15. Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah, awit aku padha martakake, yen Panjenengane wus mungokake Sang Kristus, mangka ora mungokake, iku mau saupama bener yen ora ana wong mati katangekake.

16. Sabab manawa nyata wong mati ora katangekake, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.

17. Lan manawa Sang Kristus ora kawungokake, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowe isih padha kawengku ing dosamu.

18. Apadene mungguh para wong kang wus padha mati ana ing Sang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.

19. Manawa anggon kita ngarep-arep marang Sang Kristus iku mung ing sajrone urip iki bae, dadi kita kalebu wong kang cilaka dhewe ing antarane manungsa kabeh.

20. Nanging kang bener iku yaiku manawa Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalane kang wus padha mati.

21. Sabab, sarehne tekane pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tangine wong mati iya marga saka wong siji.

22. Awit padha kaya ana ing Rama Adam wong kabeh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabeh iya bakal padha kauripake maneh.

23. Nanging saben wong manut urut-urutane: Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawise iku kang padha dadi kagungane, besuk ing sarawuhe.

24. Sawuse mangkono banjur kang wekasan, yaiku samangsa Panjenengane masrahake Kraton marang Gusti Allah Sang Rama, sawise Panjenengane nyirnakake sakehe paprentahan, panguwasa sarta kakuwatan.

25. Sabab Panjenengane mesthi ngratoni nganti tumeka sakehe mungsuhe padha dikurebake ana ing sangisoring sampeyane.

26. Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakake iku pati.

27. Ujer samubarang kabeh wus ditelukake ing sangisoring sampeyane. Nanging yen ana pangandika: “Samubarang katelukake, dadi wus tetela yen kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane iku mau mesthi ora kalebu.

28. Dene besuk samangsa samubarang kabeh wus kalakon katelukake marang Sang Kristus, nuli Panjenengane piyambak kang jumeneng Putra iku bakal nelukake sarirane marang kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane mau, supaya Gusti Allah jumenenga ngabehi ing sakabehe.

29. Yen ora mangkono, apa paedahe nglakoni kabaptis marga saka wong mati? Manawa babar pisan ora ana wong mati katangekake, sabab apa dene padha gelem kabaptis marga saka wong mati iku?

1 Korinta 15