1. Para sadulur, ing saikine aku arep ngelingake bab Injil kang wus dakwartakake marang kowe, kang iya wus padha koktampani, lan uga kokantepi.
2. Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe -- kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae.
3. Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,
4. manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci,
5. apadene Panjenengane wus ngatingal marang Kefas nuli marang para sakabate rolas.
6. Sawise iku, banjur ngatingal marang sadulur luwih saka limang atus bebarengan; kang akeh nganti saprene isih padha urip, salong iya wus padha mati.
7. Nuli ngatingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabeh.