1 Korinta 14:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha nggayuha marang katresnan, lan ganjaran-ganjaran saka Sang Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit.

2. Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.

3. Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggone ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur.

4. Sing sapa calathu nganggo basa-roh iku mbangun awake dhewe; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.

5. Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.

6. Kang iku para sadulur, saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa-roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?

7. Iku padha bae karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kaya ta suling lan clempung -- yen iku swarane ora beda, kapriye bisane wong nyumurupi lagu apa kang diunekake ing suling utawa clempung mau?

8. Utawa manawa swarane slompret ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang?

1 Korinta 14