1 Korinta 13:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.

4. Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.

5. Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.

6. Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.

7. Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.

8. Katresnan iku ora ana enteke: pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasane; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.

9. Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora sampurna.

10. Nanging satekane kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna.

1 Korinta 13