6. Sabab wong wadon manawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging manawa cukuran iku njalari remehing wong wadon, becike iya padha nganggoa kudhung.
7. Dene wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunarake citra lan kamulyaning Allah. Dene wong wadon iku nyunarake kamulyaning wong lanang.
8. Ujer wong lanang iku asale ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asale saka wong lanang.
9. Sarta wong lanang iku anggone katitahake ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahake marga saka wong lanang.
10. Mulane wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawane ana ing sirahe, marga saka para malaekat.
11. Ewadene, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon.
12. Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.
13. Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?
14. Saka kodrate dhewe rak wis tetela tumrap kowe, yen asor mungguhing wong lanang, samangsa rambute diingu dawa?
15. Nanging tumrap wong wadon ngingu rambut iku dadi lan kajene. Awit rambut iku kaparingake minangka kudhung.
16. Nanging yen ana wong kang kudu rebut bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwane Gusti Allah padha ora duwe pakulinan kang kaya mangkono iku.
17. Ing sajrone aku aweh pranatan-pranatan sabanjure iki aku ora bisa ngalem kowe, awit anggonmu padha kumpulan iku ora ndadekake mundhak becik, nanging malah mundhak ala.
18. Sabab, dhisike aku krungu, samangsa kowe padha masamuwan, ing antaramu ana pasulayan, mangka satengahe aku iya ngandel.
19. Awit ing antaramu pancen kudu ana pasulayan, supaya ing mengko katitika sapa saka ing antaramu kang padha tumemen.
20. Manawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti.
21. Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendem.
22. Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kokenggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? Apa aku kudu ngalem kowe? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.
23. Sabab apa kang wis daktampa saka Gusti iku, iya wus dakluntakake marang kowe, yaiku, yen Gusti Yesus, ing wayah bengi nalikane Panjenengane ndungkap kaulungake, mendhet roti,