1 Korinta 10:19-33 Kitab Sutji (JAV)

19. Apa ta kang dakkarepake kandha mangkono iku? Apa sesajening brahala iku ana tegese? Utawa, apa brahala iku ana kanyataane?

20. Ora! Dene kang dakkarepake, sesajene wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh reged, ora marang Gusti Allah. Lan ora dadi karepku yen kowe padha tetunggalan karo para roh reged.

21. Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.

22. Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?

23. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang mbangun.

24. Aja nganti ana wong kang mung golek untunge dhewe, nanging saben wong ngaraha untunging liyan.

25. Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.

26. Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”

27. Manawa kowe padha diulemi dening wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa bae kang disuguhake marang kowe, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.

28. Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe, “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.

29. Kang dakkarepake pangrasaning ati iku dudu pangrasaning atimu dhewe, nanging atine wong liya iku. Bokmanawa ana wong calathu: “Yagene ta, dene kamardikanku kok ditemtokake dening pangrasaning atine wong liya?

30. Manawa aku melu mangan apa-apa kanthi saos sokur, yagene aku kok dialakake marga saka panganan kang daksokuri iku mau?

31. Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.

32. Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.

33. Dikaya aku iki iya ngarah nglegakake atine wong kabeh ing bab apa bae, ora kanggo kapreluanku dhewe, nanging kanggo kabutuhane wong akeh, supaya padha nemua karahayon.

1 Korinta 10