1 Korinta 10:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. Aku pitutur marang kowe iku kaya marang wong kang padha duwe pangreten. Padha timbangen dhewe apa kang dakpituturake!

16. Tuwunging pamuji sokur kang kita pujekake, apa ora minangka patunggalan klayan rohe Sang Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangka patunggalan klayan sarirane Sang Kristus?

17. Ing sarehne rotine iku mung siji, kang iku kita sanadyan akeh, dadi badan siji; marga kabeh padha oleh panduman saka roti siji iku.

18. Padha titenana bangsa Israel kang mungguh ing daging: wong kang padha mangan kurban iku rak oleh panduman ing paladosaning misbyah, ta?

19. Apa ta kang dakkarepake kandha mangkono iku? Apa sesajening brahala iku ana tegese? Utawa, apa brahala iku ana kanyataane?

20. Ora! Dene kang dakkarepake, sesajene wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh reged, ora marang Gusti Allah. Lan ora dadi karepku yen kowe padha tetunggalan karo para roh reged.

21. Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.

22. Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?

23. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang mbangun.

24. Aja nganti ana wong kang mung golek untunge dhewe, nanging saben wong ngaraha untunging liyan.

25. Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.

26. Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”

27. Manawa kowe padha diulemi dening wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa bae kang disuguhake marang kowe, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.

28. Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe, “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.

1 Korinta 10