1 Babad 8:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Anggone peputra karo garwane, kang asma Hodesy, dene putra-putrane mau yaiku Yobab, Zibya, Mesa, Malkam,

10. Yeus, Sokhya lan Mirma, iku para putrane, padha dadi kepala kulawangsa;

11. sadurunge iku karo Ibu Husim wus peputra, yaiku Ahitub lan Elpaal.

12. Para putrane Rama Elpaal yaiku Eber, Misam lan Semed; iki kang ngedegake kutha Ono lan kutha Lod dalah sawewengkone.

13. Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.

14. Rama Ahyo, Sasak, Yeremot,

15. Zebaja, Arad, Eder,

16. Mikhael, Yispa lan Rama Yoha iku para putrane Rama Beria.

17. Rama Zebaja, Mesulam, Hizki, Heber,

18. Yismerai, Yislim lan Yobab iku para putrane Rama Elpaal.

1 Babad 8