1 Babad 8:32-40 Kitab Sutji (JAV)

32. lan Miklot kang nurunake Simea. Iku iya padha tindak lan manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.

33. Rama Ner nurunake Kisy; Rama Kisy nurunake Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul peputra Pangeran Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Pangeran Esybaal.

34. Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.

35. Sang Mikha nurunake Piton, Melekh, Tarea lan Akhas.

36. Sang Akhas nurunake Yehoada; Yehoada nurunake Alemet, Azmawet lan Zimri; Sang Zimri nurunake Moza;

37. Sang Moza nurunake Bina; iki nurunake Rafa; iki nurunake Elasa lan iki nurunake Azel.

38. Sang Azel peputra nenem, iki asma-asmane: Azrikam, Bokhru, Ismael, Searya, Obaja lan Hanan. Iku kabeh putrane Rama Azel.

39. Para putrane Sang Esek, sadhereke, yaiku Ulam, iku pambajenge, banjur Yeusy, iku kang angka loro, lan Elifelet, kang angka telu.

40. Para putrane Sang Ulam iku wong kang kendel-kendel, wong prawira kang gagah prakosa, juru manah; putra wayahe akeh: satus seket. Iku kabeh klebu tedhake Rama Benyamin.

1 Babad 8