1. Rama Benyamin peputra Bela, iku pambajenge, Asybel kang angka loro, Ahrah kang angka telu,
2. Noha kang angka papat, lan Rafa kang angka lima.
3. Rama Bela peputra Adar, Gera, Abihud,
4. Abisua, Naaman, Ahoah,
5. Gera, Sefufan lan Huram.
6. Iki para turune Rama Ehud -- iku padha dadi kepala-kepalaning kulawangsa pendhudhuk Geba kang diboyong marang ing pambuwangan, menyang ing Manahat --:
7. Naaman, Ahia lan Gera padha ngangkatake wong-wong mau marang ing pambuwangan; iku nurunake Uza lan Akhihud.
8. Ana ing dhaerah Moab, Rama Saharaim sawuse nundhung Ibu Husim lan Ibu Baara, para garwane, banjur peputra.
9. Anggone peputra karo garwane, kang asma Hodesy, dene putra-putrane mau yaiku Yobab, Zibya, Mesa, Malkam,