29. lan kang atapel-wates karo bani Manasye: Bet-Sean dalah sawewengkone kabeh, Megido dalah sawewengkone kabeh, Dhor dalah sawewengkone kabeh. Para tedhake Rama Yusuf, putrane Rama Israel padha manggon ana ing dhaerah-dhaerah kono.
30. Para putrane Rama Asyer yaiku Yimna, Yiswa lan Beria; sadhereke estri asma Serah.
31. Para putrane Rama Beria yaiku Heber lan Malkiel; iki nurunake Birzait.
32. Rama Eber nurunake Yaflet, Somer lan Hotam sarta Sua, sadhereke estri.
33. Para turune Rama Yaflet yaiku Pasakh, Bimbab lan Asywat. Iku para turune Rama Yaflet.
34. Para putrane Rama Semer yaiku Ahi, Rohga, Yehuba lan Aram.
35. Para putrane Rama Helem, sadhereke kakung yaiku Rama Zofah, Yimna, Seles lan Amal.
36. Para putrane Rama Zofah yaiku Suah, Harnefer, Syual, Beri lan Yimra,
37. Bezer, Hod, Sama, Silsa, Yitran lan Beera.
38. Para putrane Rama Yeter yaiku Yefune, Pispa lan Ara.
39. Para putrane Rama Ula yaiku Arah, Haniel lan Rizya.
40. Iku kabeh tedhake Rama Asyer, para kepalane kulawangsane, iku padha wong prawira gagah prakosa kang pilihan, para pemimpin linuwih. Gunggunge kang kacathetan ana ing sarasilahe dadi wadya-bala ana nemlikur ewu.