1 Babad 7:22-39 Kitab Sutji (JAV)

22. Rama Efraim, ramane, sungkawa nganti pirang-pirang dina, temah para sadhereke padha tilik nglipur.

23. Sawuse mangkono panjenengane banjur nyareni kang garwa, wasana kang garwa mbobot lan peputra kakung, diparingi asma Beria, sabab kulawargane wus ditempuh ing bilai.

24. Putrane putri asma Seera; iku kang ngadegake Bet-Horon-Ngare lan Bet-Horon-Tengger sarta Uzen-Seera.

25. Putrane kakung Rama Beria yaiku Refah, banjur Resef; iki nurunake Telah, iki nurunake Tahan,

26. iki nurunake Ladan, iki nurunake Amihud, iki nurunake Elisama,

27. iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.

28. Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,

29. lan kang atapel-wates karo bani Manasye: Bet-Sean dalah sawewengkone kabeh, Megido dalah sawewengkone kabeh, Dhor dalah sawewengkone kabeh. Para tedhake Rama Yusuf, putrane Rama Israel padha manggon ana ing dhaerah-dhaerah kono.

30. Para putrane Rama Asyer yaiku Yimna, Yiswa lan Beria; sadhereke estri asma Serah.

31. Para putrane Rama Beria yaiku Heber lan Malkiel; iki nurunake Birzait.

32. Rama Eber nurunake Yaflet, Somer lan Hotam sarta Sua, sadhereke estri.

33. Para turune Rama Yaflet yaiku Pasakh, Bimbab lan Asywat. Iku para turune Rama Yaflet.

34. Para putrane Rama Semer yaiku Ahi, Rohga, Yehuba lan Aram.

35. Para putrane Rama Helem, sadhereke kakung yaiku Rama Zofah, Yimna, Seles lan Amal.

36. Para putrane Rama Zofah yaiku Suah, Harnefer, Syual, Beri lan Yimra,

37. Bezer, Hod, Sama, Silsa, Yitran lan Beera.

38. Para putrane Rama Yeter yaiku Yefune, Pispa lan Ara.

39. Para putrane Rama Ula yaiku Arah, Haniel lan Rizya.

1 Babad 7