67. yaiku diwenehi kutha pangungsen Sikhem dalah pangonan-pangonane ing pagunungan Efraim, banjur Gezer lan pangonan-pangonane,
68. Yokmeam dalah pangonan-pangonane,
69. Ayalon dalah pangonan-pangonane lan Gat-Rimon dalah pangonan-pangonane.
70. Sarta saka suku Manasye kang saparone mau: Aner dalah pangonan-pangonane, lan Bileam dalah pangonan-pangonane. Dadi kutha-kutha mau diwenehake marang gotrah-gotrah saluwihe saka turune Rama Kehat.
71. Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane;
72. saka suku Isakhar: Kedesy dalah pangonan-pangonane: Daberat dalah pangonan-pangonane,
73. Ramot dalah pangonan-pangonane lan Anem dalah pangonan-pangonane;
74. saka suku Asyer: Masal dalah pangonan-pangonane, Abdon dalah pangonan-pangonane,
75. Hukok dalah pangonan-pangonane lan Rehob dalah pangonan-pangonane;
76. saka suku Naftali: Kedesy ing Galilea dalah pangonan-pangonane, Hamon dalah pangonan-pangonane lan Kiryataim dalah pangonan-pangonane.