49. Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.
50. Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua;
51. iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;
52. iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub;
53. iki peputra Zadhok; iki peputra Ahimaas.
54. Iki papan padunungane manut papan-papaning pakemahane ana ing wilayahe: Tedhake Rama Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, iku ketiban undhi kang kawitan
55. iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge,
56. nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.
57. Tedhake Rama Harun padha diwenehi kutha pangungsen Hebron, lan Libna dalah pangonan-pangonane, sarta Yatir, banjur Estemoa dalah pangonan-pangonane;
58. Hilen dalah pangonan-pangonane, Debir dalah pangonan-pangonane,
59. Asan dalah pangonan-pangonane lan Bet-Semes dalah pangonan-pangonane;