3. Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
4. Rama Eleazar peputra Pinehas; Rama Pinehas peputra Abisua,
5. Rama Abisua peputra Buki; Rama Buki peputra Uzi;
6. Rama Uzi peputra Zerahya; Rama Zerahya peputra Merayot;
7. Rama Merayot peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;
8. Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Ahimaas;
9. Rama Ahimaas peputra Azarya; Rama Azarya peputra Yohanan;
10. Rama Yohanan peputra Azarya; iku kang dadi imam ana ing Padaleman Suci, yasane Sang Prabu Sulaeman ana ing Yerusalem.
11. Rama Azarya peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;
12. Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Salum;
13. Rama Salum peputra Hilkia; Rama Hilkia peputra Azarya;
14. Rama Azarya peputra Seraya; Rama Seraya peputra Yozadak;
15. Rama Yozadak iki katut diboyong nalika Pangeran Yehuwah marengake wong Yehuda lan Yerusalem padha diangkat marang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar.
16. Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat, lan Merari.
17. Iki asmane para putrane Rama Gerson: Libni lan Simei.
18. Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.
19. Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi.Iki gotrah-gotrahe suku Lewi ing sajroning kulawangsa-kulawangsane:
20. kang saka Rama Gerson yaiku Libni, kang putra; dene iki peputra Yahat; iki peputra Zima;