1 Babad 5:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Turune Rama Yoel yaiku Semaya, putrane; iki peputra Gog; iki peputra Simei;

5. iki peputra Mikha; iki peputra Reaya; iki peputra Baal;

6. iki peputra Beera kang banjur diangkut menyang ing pambuwangan dening Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing Asyur; iku kang dadi panggedhening wong Ruben.

7. Para sadhereke manut gotrah-gotrahe, kaya kang katulisan ing sarasilah manut turune, yaiku Yeiel, iku panggedhene, banjur Zakharia,

8. lan Bela bin Azas bin Sema bin Yoel; iku kang manggon ana ing Aroer lan kang wilayahe nganti tekan ing Nebo lan Baal-Meon.

9. Lan ing sisih wetan wilayahe nganti tekan ing pinggire pasamunan, kang gumelar wiwit saka ing bengawan Efrat, amarga raja-kayane wus wuwuh akeh ana ing tanah Gilead.

10. Nalika jamane Sang Prabu Saul padha andon perang nglawan wong Hagri, bareng wong-wong iki wus padha tumiba ana ing tangane, banjur padha ngenggoni tarub-tarube wong-wong iku ana ing wilayah sawetane Gilead kabeh.

1 Babad 5