21. Para turune Rama Sela, putrane Rama Yehuda, yaiku Er, ramane Lekha, lan Lada ramane Maresa, sarta para gotrah kang pagaweane nenun bakal lena alus ana ing Bet-Asybea,
22. tumuli Yokim lan para wong Kozeba, sarta Yoas lan Saraf kang ngwasani Moab lan ing tembe banjur bali mulih menyang ing Betlehem; -- riwayat-riwayat iki wis kuna.
23. Iku kabeh padha dadi kundhi kang manggon ing Netaim lan Gedera; wong-wong mau padha manggon ana ing kono lan padha nindakake pagawean kagem ratu.
24. Para putrane Rama Simeon yaiku Nemuel, Yamin, Yarib, Zerah lan Saul;
25. iki peputra Salum; iki peputra Mibsam; iki peputra Misma.