1 Babad 4:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Para putrane Rama Yehuda yaiku Peres, Hezron, Karmi, Hur, lan Syobal.

2. Rama Syobal peputra Reaya, kang peputra Yahat, lan Rama Yahat peputra Ahumai lan Lahad. Iku gotrah-gotrahe wong Zora.

3. Iki para putrane Rama Etam: Yizreel, Isma lan Idbas; sadhereke estri asmane Hazelelponi;

4. nuli Pnuel, ramane Gedor, lan Ezer, ramane Husa. Iku kabeh para turune Hur, pambarepe Efrata, ramane Betlehem.

5. Rama Asyur, ramane Tekoa, garwane loro, yaiku Hela lan Naara.

6. Ibu Naara peputra Ahuzam, Hefer, Temeni lan wong Ahastari. Iku para putrane Ibu Naara.

7. Para putrane Ibu Hela yaiku Zeret, Yezohar lan Etnan.

8. Rama Kos peputra Anub, Hazobeba, lan gotrah-gotrahe Aharhel bin Harum.

9. Rama Yabes iku kang mulya dhewe ana ing antarane para sadhereke; mulane kang ibu maringi asma Yabes, awit pangandikane: “Anggonku nglairake dheweke iku kalawan ngrasakake lara.”

1 Babad 4