1. Iki para putrane Sang Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron: kang pambajeng yaiku Pangeran Amnon, kang ibu asma Ahinoam, saka ing Yizreel; kang angka loro yaiku Pangeran Dhaniel, kang ibu asma Abigail, saka ing Karmel;
2. putra kang angka telu Pangeran Absalom, kang ibu asma Maakha, putri putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur; putra kang angka papat Pangeran Adhonia, kang ibu asma Hagit;
3. putra angka lima Pangeran Sefaca, kang ibu asma Abital; putra kang angka nem Pangeran Yitream, patutan karo kang garwa, kang asma Egla.