3. Sang Yosabam iku turune Rama Peres lan dadi tetindhihe sakehing panggedhe ing sasi kapisan.
4. Kang dadi kepalaning golongan ing sasi kapindho yaiku Sang Dodai, wong Ahohi, dene kang mimpin golongane kang wonge ana patlikur ewu iku, yaiku Sang Miklot.
5. Panggedhe kang katelu ing sasi kang katelu iku Sang Benaya, putrane Imam Agung Yoyadha, golongane iku wonge ana patlikur ewu.
6. Sang Benaya iki klebu gegedhug telung puluh iku, lan dadi tetindhihe wong telung puluh iku nanging kang mimpin golongane yaiku Sang Amizabad, putrane.
7. Kang kaping pat kanggo ing sasi kang kaping pat yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, ing sapungkure iku banjur kagentenan Sang Zebaja, putrane, dene golongane mau wonge ana patlikur ewu.
8. Kang kaping lima kanggo ing sasi kalima yaiku Sang Samhut bin Yizrah, iku sawijining panggedhe, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
9. Kang kaping enem kanggo ing sasi kanem yaiku Sang Ira bin Ikesy saka ing Tekoa, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
10. Kang kaping pitu kanggo ing sasi kapitu yaiku Sang Heles wong Peloni, saka bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
11. Kang kaping wolu kanggo ing sasi kawolu yaiku Sang Sibekhai, wong ing Husa, turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
12. Kang kaping sanga kanggo sasi kasanga yaiku Sang Abiezer, wong ing Anatot, panunggalane bani Benyamin, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
13. Kang kaping sapuluh kanggo sasi kasapuluh yaiku Sang Maharai, wong ing Nefota, iku turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
14. Kang kaping sewelas kanggo ing sasi kasewelas yaiku Sang Benaya, wong ing Piraton, panunggalane bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
15. Kang kaping rolas kanggo ing sasi karolas yaiku Sang Heldai, wong ing Netofa, turune Otniel, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
16. Kang dadi kepalane suku-suku Israel yaiku: bani Ruben dipimpin dening Sang Eliezer bin Zikhri; bani Simeon pimpinane Sang Sefaca bin Maakha;
17. kanggo suku Lewi Sang Hasabya bin Kemuel; kanggo tedhake Imam Harun yaiku Imam Zadhok;
18. kanggo suku Yehuda yaiku Sang Elihu, salah sawijine sadhereke Sang Prabu Dawud; suku Isakhar dipimpin dening Sang Omri bin Mikhael;
19. kanggo suku Zebulon yaiku Sang Yismaya bin Obaja; kanggo suku Naftali yaiku Sang Yerimot bin Azriel;