25. Kang rumeksa marang pacawisane Sang Prabu yaiku Sang Azmawet bin Adiel, dene kang rumeksa marang pasadhiyan ing sajabaning kutha, ing kutha-kutha, ing desa-desa lan ing sajrone lumbung-lumbung panggung yaiku Sang Yonatan bin Uzia.
26. Kang nglurahi para among tani kang kajibah ngolah tanah yaiku Sang Ezri bin Kelub.
27. Kang dadi lelurahing kebon-kebon anggur yaiku Sang Simei, wong ing Rama. Kang nglurahi pametuning pakebonan anggur kanggo pasadhiyan anggur yaiku Sang Zabdi, wong ing Syifmi.
28. Kang dadi lelurahing wit jaitun lan wit sikma ing Tanah-Ngare yaiku Sang Baal-Hanan, wong Gederi; kang nglurahi pasadhiyan lenga jaitun Sang Yoas.