13. Kang kaping sapuluh kanggo sasi kasapuluh yaiku Sang Maharai, wong ing Nefota, iku turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
14. Kang kaping sewelas kanggo ing sasi kasewelas yaiku Sang Benaya, wong ing Piraton, panunggalane bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
15. Kang kaping rolas kanggo ing sasi karolas yaiku Sang Heldai, wong ing Netofa, turune Otniel, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
16. Kang dadi kepalane suku-suku Israel yaiku: bani Ruben dipimpin dening Sang Eliezer bin Zikhri; bani Simeon pimpinane Sang Sefaca bin Maakha;
17. kanggo suku Lewi Sang Hasabya bin Kemuel; kanggo tedhake Imam Harun yaiku Imam Zadhok;
18. kanggo suku Yehuda yaiku Sang Elihu, salah sawijine sadhereke Sang Prabu Dawud; suku Isakhar dipimpin dening Sang Omri bin Mikhael;
19. kanggo suku Zebulon yaiku Sang Yismaya bin Obaja; kanggo suku Naftali yaiku Sang Yerimot bin Azriel;
20. kanggo bani Efraim yaiku Sang Hosea bin Azazya; kanggo saparone suku Manasye yaiku Yoel bin Pedhaya;
21. kanggo separone suku Manasye kang ana ing Gilead yaiku Sang Yido bin Zakharia; kanggo suku Benyamin yaiku Sang Yaasiel bin Abner;
22. kanggo suku Dhan yaiku Sang Azareel bin Yeroham. Iku para kepalaning suku-suku Israel.
23. Sang Prabu Dawud ora ngetang cacahe wong kang umure rong puluh taun mangisor, sabab Pangeran Yehuwah wus prajanji, wong Israel bakal kadadekake padha kehe karo lintang-lintang ing langit.