1 Babad 26:18-26 Kitab Sutji (JAV)

18. ing Parbar ing sisih kulon: wong papat ana ing dalan gedhe lan wong loro ana ing Parbar.

19. Iku golongan-golonganing para jaga lawang saka bani Korakh lan saka bani Merari.

20. Para wong Lewi, para sadulure tunggal suku, kang rumeksa marang barang-barang ing padalemaning Allah lan kang rumeksa barang-barang suci:

21. bani Ladan, yaiku turune Gerson kang katurunake dening Ladan, iku kulawangsane dipanggedheni dening bani Yehiel.

22. Turune Yehiel, yaiku Zetam lan Yoel sadulure, iku rumeksa marang barang-barang ing padalemane Pangeran Yehuwah.

23. Saka bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel

24. yaiku Sebuel bin Gersom bin Musa kang dadi lelurahing barang-barang.

25. Sanak sadulure Sebuel kang katurunake dening Eliezer yaiku Rehabya anake Eliezer, lan Yesaya anake Rehabya, lan Yoram anake Yesaya, lan Zikhri anake Yoram, lan Selomit anake Zikhri.

26. Selomit iku karo sanak sadulure padha rumeksa marang barang-barang suci kang wus kasucekake dening Sang Prabu Dawud, para panggedhening kulawangsa, para tetindhihing wadya-bala sewu, wadya-bala satus lan para panggedhening wadya-bala.

1 Babad 26