6. Anadene Semaya bin Netaneel, panitrane, sawijining wong Lewi, iku nulisi jeneng-jenenge ana ing ngarsane Sang Prabu, para panggedhe Imam Zadhok, Imam Akhimelekh bin Abyatar lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsane imam-imam lan wong Lewi. Saben-saben saka trah Eleazar kajupuk kulawangsa siji, mangkono uga saka trah Itamar iya kulawangsa siji.
7. Undhian kang kawitan tumiba marang Imam Yoyarib; kang kapindho marang Imam Yedhaya;
8. kang katelu marang Imam Harim; kang kaping pat marang Imam Seorim;
9. kang kaping lima marang Imam Malkia; kang kaping nem marang Imam Miyamin;
10. kang kaping pitu marang Imam Hakos; kang kaping wolu marang Imam Abia;
11. kang kaping sanga marang Imam Yesua; kang kaping sepuluh marang Imam Sekhanya;
12. kang kaping sawelas marang Imam Elyasib; kang kaping rolas marang Imam Yakim;
13. Kang kaping telulas marang Imam Hupa; kang kaping patbelas marang Imam Yesebeab;
14. kang kaping limalas marang Imam Bilga; kang kaping nembelas marang Imam Imer;
15. kang kaping pitulas marang Imam Hezir; kang kaping wolulas marang Imam Hapizes;
16. kang kaping sangalas marang Imam Petahya; kang kaping rongpuluh marang Imam Yehezkiel;
17. kang kaping selikur marang Imam Yakhin; kang kaping rolikur marang Imam Gamul;
18. kang kaping telulikur marang Delaya; kang kaping patlikur marang Imam Maazya.
19. Iku bubuhane wong-wong mau ing sajrone padha nindakake tata pangibadah, sawuse lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, miturut ing pranatan kang kaparingake marang dheweke kabeh lumantar Imam Harun, leluhure, cocog karo apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
20. Golongan kang isih kari saka bani Lewi, saka para tedhake Rama Amram yaiku Subael, saka turune Rama Subael, Yehdeya;
21. saka turune Rama Rehabya yaiku Yisia, sawijining lelurah;
22. saka turune Rama Yizhar yaiku Selomot; saka turune Rama Selomot yaiku Yahat.
23. Para putrane Rama Hebron yaiku Yeria, sawijining lelurah, Amarya, putrane kang angka loro, Yahaziel, kang angka telu, lan Yekameam, kang angka papat.
24. Putrane Rama Uziel yaiku Mikha; saka para turune Rama Mikha yaiku Samir.
25. Sadhereke Rama Mikha yaiku Yisia; saka para putrane Rama Yisia yaiku Zakharia.
26. Turune Rama Merari yaiku Rama Mahli lan Rama Musi, uga para putrane Rama Yaazia, putrane.