18. kang kaping telulikur marang Delaya; kang kaping patlikur marang Imam Maazya.
19. Iku bubuhane wong-wong mau ing sajrone padha nindakake tata pangibadah, sawuse lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, miturut ing pranatan kang kaparingake marang dheweke kabeh lumantar Imam Harun, leluhure, cocog karo apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
20. Golongan kang isih kari saka bani Lewi, saka para tedhake Rama Amram yaiku Subael, saka turune Rama Subael, Yehdeya;
21. saka turune Rama Rehabya yaiku Yisia, sawijining lelurah;
22. saka turune Rama Yizhar yaiku Selomot; saka turune Rama Selomot yaiku Yahat.
23. Para putrane Rama Hebron yaiku Yeria, sawijining lelurah, Amarya, putrane kang angka loro, Yahaziel, kang angka telu, lan Yekameam, kang angka papat.
24. Putrane Rama Uziel yaiku Mikha; saka para turune Rama Mikha yaiku Samir.
25. Sadhereke Rama Mikha yaiku Yisia; saka para putrane Rama Yisia yaiku Zakharia.
26. Turune Rama Merari yaiku Rama Mahli lan Rama Musi, uga para putrane Rama Yaazia, putrane.
27. Turune Rama Merari saka Rama Yaazia, putrane, yaiku Syoham, Zakur lan Hibri.
28. Saka Rama Mahli yaiku Eleazar; iku ora peputra.
29. Saka Rama Kisy yaiku Yerahmeel.
30. Para putrane Rama Musi yaiku Mahli, Eder lan Yerimot. Iku bani Lewi manut kulawangsane.
31. Iku iya padha nguncalake undhi padha kaya para sadulure tunggal suku, tedhake Rama Harun, ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud, Imam Zadhok, Imam Akhimelekh lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsa, para imam lan wong Lewi. Ing bab iki lelurahing kulawangsa iku padha karo sadulure kang cilik dhewe.