2. Para panggedhening Israel lan uga para imam sarta para wong Lewi padha diklempakake.
3. Para wong Lewi kang umur telung puluh taun munggah padha kaetung cacahe, pangetunge siji-siji, gunggunge ana telung puluh wolu ewu.
4. -- “Wong iki kang patlikur ewu padha ngawat-ngawatana pagawean ing padalemaning Pangeran Yehuwah; kang nem ewu dadia tetindhih lan hakim;
5. kang patang ewu dadia jaga gapura; lan kang patang ewu gaweane memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan migunakake piranthi-piranthi musik kang wus sunyasa kanggo ngrepekake kekidungan,” mangkono pangandikane Sang Prabu Dawud.
6. Wong mau uga padha kaperang-perang dening Sang Prabu Dawud dadi golongan-golongan manut para putrane Rama Lewi, yaiku Gerson, Kehat lan Merari.
7. Kang kagolong wong Gerson yaiku Ladan lan Simei.
8. Para putrane Rama Ladan yaiku Yehiel, sawijining lelurah, lan Zetam sarta Yoel, gunggung wong telu.
9. Para putrane Rama Simei yaiku Selomit, Haziel, lan Haran, gunggung wong telu; wong iki kang padha dadi leluhure kulawangsa Ladan.