1 Babad 20:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Nuli ana peperangan maneh nglawan wong Filisti; nalika iku Elhanan bin Yair mateni Lakhmi, sadulure Goliat, wong Gat, lan landheyaning tumbake gedhene sangilinganing tukang tenun.

6. Banjur ana peperangan maneh ing Gat; ing kono ana wong kang gedhe dhuwur, tangan lan sikile drijine ngenem, dadi gunggunge patlikur; iki uga kagolong turuning wong gedhe-dhuwur ngedab-edabi.

7. Wong mau ngala-ala marang wong Israel, wasana banjur dipateni dening Sang Yonatan bin Simea, rakane Sang Prabu Dawud.

8. Wong iku padha kagolong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi ing Gat, sarta padha mati dening astane Sang Prabu Dawud lan dening tangane para abdine.

1 Babad 20