1 Babad 2:42-55 Kitab Sutji (JAV)

42. Para turune Rama Kaleb, rayine Rama Yerahmeel, yaiku Mesa, pambajenge, ramane Zif, lan para putrane Rama Maresa, ramane Hebron.

43. Para putrane Rama Hebron yaiku Korakh, Tapuah, Rekem, lan Sema.

44. Rama Sema peputra Raham, ramane Yorkeam, dene Rama Rekem peputra Samai.

45. Putrane Rama Samai yaiku Maon, lan Rama Maon iku peputra Bet-Zur.

46. Ibu Efa, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Haran, Mosa lan Gazes; Rama Haran peputra Gazes.

47. Para putrane Rama Yohdai yaiku Regem, Yotam, Gesan, Pelet, Efa lan Saaf.

48. Ibu Maakha, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Seber lan Tirhana.

49. Ibu Maakha uga peputra Saaf, ramane Madmana lan Sewa, ramane Makhbena lan ramane Gibea. Putrane Rama Kaleb kang putri asma Akhsa.

50. Iku kabeh turune Rama Kaleb.Para putrane Rama Hur, putra pambajenge Ibu Efrata, yaiku Sobal, ramane Kiryat-Yearim,

51. Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.

52. Turune Rama Sobal, ramane Kiryat-Yearim, yaiku Haroe lan saparone wong Menukhot.

53. Anadene kang kagolong gotrah Kiryat-Yearim yaiku wong Yetri, wong Puti, wong Sumati lan wong Misrai lan iya saka iku asale wong Zora lan wong Esytaol.

54. Turune Rama Salma yaiku Betlehem, wong Nefota, Atarot-Bet-Yoab lan saparone wong Manakhti yaiku wong Zori.

55. Anadene gotrah-gotrahe para ahli tulis kang padha manggon ing Yabes, yaiku wong Tirati, wong Simati lan wong Sukhati. Iku kabeh padha wong Keni turune Hamat, leluhure bani Rekhab.

1 Babad 2