1 Babad 18:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur nggecek wong Filisti, temah padha disorake; nuli ngrebat Gat lan wewengkone kabeh saka ing tangane wong Filisti.

2. Sang Prabu Dawud tumuli nggepuk wong Moab, temah wong Moab padha teluk lan padha caos bulu-bekti.

3. Sabanjure Sang Prabu Dawud ngawonake Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, ana ing sacedhake Hamat, nalika pinuju tindak arep ngiyatake pangwaose ing bengawan Efrat.

4. Sang Prabu Dawud ngrebat kretane sewu, prajurite jaranan pitung ewu lan wadya-bala dharat rong puluh ewu, Sang Prabu Dawud banjur dhawuh ngethoki otote sakehe jaran rakitan, kang dikarekake mung jaran rakitan satus.

5. Wong Aram ing Damaskus nuli padha teka mbiyantu Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, nanging wong Aram mau kasirnakake dening Sang Prabu Dawud rolikur ewu.

1 Babad 18