3. Nanging ing bengi iku uga Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Natan mangkene:
4. “Mangkata, sira matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Dudu sira kang bakal ngedegake padaleman kagem Ingsun, kang bakal Sundalemi.
5. Ingsun ora tau manggen ing padaleman wiwit Ingsun ngirid metu wong Israel nganti saprene, nanging Ingsun ngumbara ana ing tarub-tarub, lan ing pasanggrahan-pasanggrahan.
6. Salawase Ingsun ngumbara kalawan wong Israel kabeh, apa Ingsun tau ngandika marang salah sawijining hakime Israel, kang Sundhawuhi ngengon umatingSun, mangkene: Yagene sira ora ngyasakake Ingsun padaleman kayu eres?
7. Awit saka iku sira matura mangkene marang abdiningSun Dawud: makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: Ingsun kang nimbali sira saka ing ara-ara, nalika nggiring wedhus, supaya dadia ratuning umatingSun Israel.
8. Ingsun wus nunggil kalawan sira ana ing sakehe panggonan kang sira ambah lan wus nyirnakake sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun bakal damel jenengira kaya jenenge para wong agung kang ana ing bumi.
9. Ingsun bakal namtokake panggonan kanggo umatingSun Israel, bakal Suntanem, supaya bisa manggon ing papane dhewe lan ora dieget-egeti sarta ditindhes dening para wong ambek-siya kaya dhek biyen,
10. wiwit Ingsun ngangkat para hakim kanggo umatingSun Israel. Ingsun bakal nelukake sakehing mungsuhira. Ingsun uga paring sumurup marang sira: Pangeran Yehuwah bakal mbangun karajan kang turun-tumurun.
11. Samangsa umurira wus ganep lan banjur mangkat menyang ing panggonaning leluhurira, Ingsun bakal njumenengake turunira ing sapungkurira, yaiku salah sawijining anakira, iku karajane bakal Sunsantosakake.
12. Iku kang bakal ngyasakake padalemaningSun sarta Ingsun bakal nyantosakake dhampare kanggo ing salawase-lawase.
13. Ingsun bakal dadi Ramane, lan dheweke bakal dadi putraningSun. Apadene sih-susetyaningSun bakal ora Sunsingkirake saka ing dheweke, ora kaya anggoningSun wus nyingkirake iku saka wong kang wus ndhisiki sira.
14. Sabanjure Ingsun bakal nyantosakake dheweke ana ing padalemaningSun lan ana ing karajaningSun kanggo ing salawas-lawase, sarta dhampare bakal santosa ing salawas-lawase.”
15. Nabi Natan anggone munjuk marang Sang Prabu Dawud ngetrepi pangandika iku sarta iya ngetrepi wahyu iku.
16. Sang Prabu Dawud tumuli lumebet lan banjur ngadhep ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan munjuk: “Sinten ta kawula punika, dhuh Yehuwah Allah saha sinten brayat kawula punika, dene Paduka ngantos karsa ndadosaken kawula kados makaten punika?
17. Sarta bab punika taksih kirang wonten ing paningal Paduka; dhuh Allah; awit saking punika Paduka sampun ngandika ugi tumrap brayating abdi Paduka punika ing wekdal ingkang taksih dangu saha sampun paring sumerep dhateng kawula bab urut-urutaning tiyang ingkang badhe wonten, dhuh Yehuwah Allah.
18. Punapa malih ingkang saged kawewahaken dening Dawud dhumateng Paduka gegayutan kaliyan anggen Paduka paring kaluhuran dhumateng abdi Paduka punika? Punapa sanes Paduka ingkang nguningani kawontenanipun abdi Paduka punika?