25. Amargi Paduka, dhuh Allah kawula, sampun pratela dhumateng abdi Paduka punika, bilih Paduka badhe mbangun turunipun. Inggih punika sababipun, mila abdi Paduka punika lajeng kumawantun ngunjukaken pandonga punika wonten ing ngarsa Paduka.
26. Awit saking punika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah, ingkang sampun paring prajanji bab prakawis ingkang sae punika dhumateng abdi Paduka.
27. Paduka sapunika mugi karsaa paring berkah dhumateng brayat kawula punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi punapa ingkang Paduka berkahi, dhuh Yehuwah, badhe kaberkahan ing salami-laminipun.”