42. Heman lan Yedutun mau padha kapasrahan kalasangka lan kecer kanggo para kang kawajiban ngunekake, lan uga piranti-piranti musik, kang kanggo ngiringi kekidungan kagem Gusti Allah. Anadene para anake Yedutun iku padha tunggu gapura.
43. Sawuse mangkono wong sabangsa kabeh banjur padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe, sarta Sang Prabu Dawud iya kondur arep paring slamet marang kulawargane.