1 Babad 16:29-33 Kitab Sutji (JAV)

29. Padha nyaosna kamulyaning asmane marang Pangeran Yehuwah,nggawaa pisungsung lan lumebua sowan marang ing ngarsane.Padha sujuda lan nyembaha marang Pangeran Yehuwah kalawan ngrasuk kasucen.

30. Gumetera ana ing ngarsane, he salumahing bumi;jagad iku pranyata jejeg, ora gonjing.

31. Langit kareben abungah-bungah lan bumi asurak-surak,wong kareben muwus ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Ratu!”

32. Kareben gumuruh sagara saisine,kareben abungah-bungah ara-ara lan kabeh kang ana ing kono,

33. wit-witan ing alas banjur padha asurak-surakana ing ngarsaning Sang Yehuwah,sabab Panjenengane rawuh arsa ngadili bumi.

1 Babad 16