5. Iku padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Paduka boten badhe saged mlebet mriki.” Nanging Sang Prabu Dawud banjur ngrebat beteng ing Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.
6. Sang Prabu wus ngandika: “Sapa sing dhisik dhewe ngalahake wong Yebus, iku bakal dadi panggedhe lan pemimpin.” Kang banjur maju dhisik dhewe iku Yoab anake Zeruya, mulane nuli kaangkat dadi panggedhe.
7. Sang Prabu Dawud tumuli akadhaton ana ing beteng kono, mulane iku banjur katelah jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud.
8. Sang Prabu nuli nyantosani kutha mau ing saubenge, wiwit saka ing Milo, malah ing saubenge kabeh, dene saluwihe kutha iku dibangun maneh dening Sang Yoab.
9. Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.
10. Iki para panggedhe para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud, kang padha nyaosi pambiyantu akeh marang panjenengane, bebarengan karo wong Israel kabeh, ing bab anggone nggayuh kalenggahan ratu, kaya kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap Israel.
11. Iki daftare para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud: Sang Yasobam bin Hakhmoni, tetindhihe prawira telung puluh, iku kalawan ngolahake tumbake bisa nyirnakake mungsuh telung atus ing sajroning nempuh perang sapisan.
12. Nuli Sang Eleazar bin Dhodho wong Ahohi; iki klebu gegedhug kang telu cacahe.
13. Nalika wong Filisti padha pacak baris ana ing Pas-Damim, Sang Eleazar pinuju ndherek Sang Prabu Dawud ana ing kono; ing kono ana pategalan, kang kebak tetanduran sair; bareng wadyabala lumayu saka ing ngarepe wong Filisti,
14. gegedhug telu mau ngadeg ana ing tengahe pategalan kono lan padha bisa ngukuhi tanah iku, malah banjur bisa ngalahake wong Filisti. Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan kang ngleluwihi.
15. Ing sawijining dina panunggalane tetindhih telung puluh mau ana telu kang munggah ing gunung parang sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing sacedhake guwa Adulam; nalika iku wadya-balane wong Filisti makuwon ana ing lebak Refaim.