1 Babad 10:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Dadine Sang Prabu Saul, putrane tetelu lan kulawargane kabeh padha nemahi seda.

7. Bareng sakehe wong Israel kang ana ing lebak padha sumurup, manawa wadya-balane wus padha keplayu sarta Prabu Saul dalah para putrane wus seda, wong-wong mau padha lolos saka ing kutha-kuthane lan padha lumayu uga; wong Filisti banjur padha teka lan manggon ana ing kono.

8. Esuke bareng wong Filisti padha teka mblejedi wong-wong kang mati, padha nyumurupi layone Sang Prabu Saul lan para putrane gumlimpang ana ing pagunungan Gilbea.

9. Banjur padha diblejedi, mustakane Sang Prabu Saul dalah prabote perang kajupuk, kagawa mubeng-mubeng ana ing nagarane wong Filisti kanggo aweh pawarta marang brahala-brahalane lan marang rakyat.

10. Prabote perang Sang Prabu Saul tumuli kadekek ing omahing allahe, nanging mustakane dipaku ana ing omahe Dagon.

1 Babad 10